Rabu, 03 Desember 2014

Jinising Ukara



Sajrone nindakake pacelathon asring. Tinemu menawa warna ukara miturut isine, tuladhane:
a.       Ukara crita/andharan : yaiku ukara sing isine critakake/ngandharake samubarang utawa mangsuli pitakon. Tuladha: jam lima esuk, Joni tangi turu.
                                 Joni nyapu latar karo rengeng-rengeng.
b.      Ukara parentah/pakon/agnya : ukara sing isine parentah/pakon wong liya supaya nindakake samubrang miturutprentah.
v  Cirine ukara parentah/pakon/agnya: wasesane nganggo panambang a, na, ana, utawa en.
v  Tuladha: kowe tangia sing esuk!
Latare saponana supaya resik!
Aku njupukna buku!
Lawange tutupen!
c.       Ukara pamenging/larangan : ukara sing isine menging/nglarang supaya ora nindakake pagawean.
v  Cirine ukara pamenging nganggo tembung aja utawa ampun.
v  Tuladhane : lawange aja ditutup!
    Panjenengan ampun ngrumiyini konduripun Bu Guru!
d.      Ukara paminta/panjaluk : ukara sing isine njaluk wong liya nindakake samubarang (ukara prentah nanging luwih alus).
v  Cirine ukara paminta/penjaluk : nganggo tembung tulung/nuwun sewu.
v  Tulada : Tulung lawange bukaken!
e.      Ukara pamrayoga : ukara sing mrayogakake wong liya.
v  Cirine ukara pamrayoga nganggo tembung apike, becike, prayogane.
v  Tuladha : yen wis wengi prayogane, lawange ditutup wae.
f.        Ukara pengajak : ukara sing isine ngajak-ajak marang wong liya.
v  Cirine nganggo tembung ayo /mangga
v  Tuladha : ayo padha sinau ndhisik.
g.       Ukara pengarep-arep : ukara sing isine pengarep-arep amrih kedadean.
Tuladha: muga-muga ibu enggal kondur.
              Ibu enggal kondura ya supaya adhiku ana kancane.

Matur Suwun sampun maca artikelku ... ^^

Tidak ada komentar:

Posting Komentar